BALIK MARING ALAM ( BACK TO NATURE )

Tekek alias Tokek

TEKEEEEK…….TEKEEEEEEK……….


Tekek kuwe kewan melata sing bentuke kaya cecek mung gede, ndea esih sedulur karo cecek , kulite coklat totol-totol, biasane manggon neng wit-witan gede sing growong, kadang-kadang neng umah ya ana. Tekek mangane bangsa serangga kaya lamuk, laron, lan liya-liyane. Awit mbiyen tekek wis dipercaya kena nggo tamba penyakit kulit, kaya gatel-gatel, koreng,  eksim . kabeh kuwe pengalamane wong sing wis pada rasan ditambani nganggo tekek. Neng Cina ahli-ahli pengobatan ngembangna tekek kanggo nambani tumor, neng njerone tekek ana organ sing bisa nahan perkembangan sel-sel tumor, bagian pencernaan tekek didadekna obat  . Pancen during ana sing nliti secara khusus khasiate tekek tapi akeh masyarakat sing wis percaya marang kemujarabane tekek kanggo nambani penyakit  sing utama penyakit sing hubungane karo kulit. Apa maning barang ana isu tekek kena kanggo nambani AIDS aran tekek mulai dikenal wong akeh, regane ya dadi larang, sing maune siji regane antara sewu tekan telung ewu, saiki tekan eketan ewu jare ana sing tekan jutanan angger sing gede bobote tekan sakilo menduwur. Angger sing tekan sepuluh kilo ndea regane bisa samilyar, tapi kayane ya ora mungkin gede-gedene tekek paling paling patang ons bobote. Kuwe tah mung gegere jaman, tapi ya mbuh bae wong arane tamba kadang-kadang ora mesti.
Tekek jare nduweni anti bodi sing ana manfaate kanggo menungsa, bias kanggo netralisir racun neng jerone awak, khususe sing hubungane karo alergi kulit lan pernapasan kaya asma, gatel-gatel, koreng, eksim.Tekek uga diyakini bisa ningkatna staminane wong lanang, kanggo nambani impotensi .Umume wong angger nggo tamba cukup digoreng nganti mateng , yen ora kolu mangane bisa digoreng nganti geseng digawe kopi dadine kalap kabeh tekan balung-balunge.....

No comments:

Post a Comment